FIRMAN NUR ROKHIM

FIRMAN NUR ROKHIM

  • - yang...sory kejadian tade malam...bukan maksud aku ndak mau ngomong sama kamu...itu karena aku sayang kamu....aku emang marah..gak tahu aku seharian gak en...
    21 years ago

FIRMAN NUR ROKHIM

Tuesday, May 8, 2018

contoh teks MC ( Pembawa acara ) Akhirussanah



YAYASAN AL-MUYASSIR

DUSUN PAINGAN, DESA KUPEN, KEC. PRINGSURAT, KAB. TEMANGGUNG, PROV. JAWA TENGAH, INDONESIA 

            Assalamualaikum Wr. Wb,

A’udzubilahiminasaytonirajim Bismillahirahmanirakhim,,,

Alhamdulilahirabil’alamin Hamdayuafini’amahuwayukafi’umazidah... Yarobbana lakalkhamdu kamayambaghi liljalali wajhikalkalkarimi w’adzimilsultonig...

Allohuma sholi’alasayidina Muhammadin wa’alasayidina Muhammad... fakolallohu ta’ala filkitabihil karim,,, Bismillahirahmanirakhim...

Laingsakkartum la’azidanakum, walaingkafartum ina’adabilasyadid’d Amaba’d...

 

            Ma’asiral al ‘Alim al ‘alamah Aladzinahum warosatul ambiyak...

Khadrotal Mukarom Simbah K.H Chumaidi, ugi Simbah K.H Khamid Syfudin dalah keluargi, selaku sesepuh MADIN AL-YASIR ingkang tansah kita ajeng-ajeng barokah doaipun.

Khadrotal Mukarom Romo K.H ................................... Sangking ....................................Ingkang kito mulyaaken ugi tansah kito ajeng-ajeng Mauwidho khasanah  saha doaipun.

Dumateng Bapak K. Nurfatoni selaku penasehat Madin AL-YASIR ingkang tansah kita Mulya’aken, saha kita ajeng-ajeng Barokah ilmunipun,

Dumateng Bapak K. Muslikhin selaku Ketua Madin AL-YASIR ingkang tansah kita Mulya’aken, saha kita ajeng-ajeng Barokah ilmunipun,

Dumateng Ustadz, Ustadzah saha sedoyo jajaran pengurus Madrasah Diniah saha TPQ Al-yasir ingkang tansah kita hormati,

Dumateng Bapak perangkat desa Kupen, Bapak kepala dusun Paingan Saha sedaya perangkat-perangkatipun ugi mboten kesupen dumateng Bapak saha Ibu ikatan wali santri ingkang sanget kinurmatan.

Dumatang Bapak saha Ibu Wali santri Madrasah Diniyah saha TPQ AL- YASIR Dusun Paingan Desa Kupen sedoyo ingkang kita Mulyaaken,

Hadirin wal Hadirad majelis pengaosan akbar dalam rangka Khaflatu’tasyakur Lilihtitam Madrasah Diniah saha Tpq Al-yasir dusun Paingan, desa Kupen, kec. Pringsurat, Kab. Temanggung sedoyo ingkang tansah kito mulyaaken,

mBoten kesupen dumateng sedoyo Santriwan ugi Santriwati Madrasah Diniyah saha Tpq Al-yasir Dusun Paingan, Desa Kupen ingkang tansah kita Banggaaken,

sepindah, Ngunjuaken raos syukur dumateng Alloh SWT, ingkang sampun maringi rohmat nikmat saha hidayahipun, sehinggo kito sedaya saget makempal sesarengan wonten ing majelis pengaosan akbar menika kanti Rahayu, Widada, lan mboten Manggihi alangan satunggal punapa. Pramilo sumonggo syukur kita sedoyo, kito maos tahmid. Alhamdulillahirabil’alamin.

            allahumma sholli ‘ala sayyidinaa muhammad

Sholawat saha salam ugi  tansah kito aturaken dumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad SAW, ingkang tansah kito antu syafa’atipun fiddinii wa dunya hattal akhiroh.amin amin ya rabbal ‘alamin.

Hadirin wal hadirot rohimakumullah..!!

            Kepareng kawula ndereaken lampahipun adicara pengaosan akbar dalam rangka khaflatutasyakur lil’ihtitam Madrasah diniyah saha Tpq Al-yasir dusun Paingan Desa kupen ing ndalu punika ,

            Wondene runtutipun adicara kasebat inggih puniko :

  1. Sepindah Pambuka,
  2. Kaping kalihipun  inggih punika pentas santri Madin Al-Yasir
  3. kalajengaken kumandanging pustaka kitab suci Al-Qur’an
  4. Kalajengaken Mukhafadoh Santri Madin Al-Yasir
  5. Wondenen adicara pirangan ongko gangsal non’injih sambutan atas nami
  6. Wondene adicara saklajengipun inggih punika Pengumuman Santri teladan Madin Al-yasir,
  7. Kalajengaken Pentas Rebana ingkang sangking Alumni Madin Al-yasir,
  8. Wondene adicara candakipun non’injih adicara inti uraian Hikmah pengaosan akbar dalam rangka khaflatutasyakur lil’ihtitam Madrasah diniyah saha Tpq Al-yasir.

Hadirin wal hadirot rohimakumullah..!!

  1. Sakderengipun adicoro ingkang bade kelampah, sak derengipun, monggo kito bika acoro kanti maos ummul kitab sesarengan.

Liridhoillahi ta’ala Bissyafaati Rosulillah Wabi ijabatil mas’ul Al-fatihah.........

Mugi – mugi khanti waosan umul kitab kasebat waget andadosaken lancaripun adicara wonten ing ndalu punika keranten ridhonipun Gusti Alloh SWT... Amin ya’robal ‘alamin

  1. Tumapak titilaksana ingkang sepindah non’injih Pentas Santri Madin Al-yasir, Dumateng Parasantri ingkang sampun kapilih tampil wekdal saha panggenan kaulo sumangga’aken (Matur nuwun dumateng para santri ingkang sampun menghibur dateng  kita sedaya)
  2. Tumapak titilaksono ingkang saklajengipun non’injih waosan pustaka kitab suci Al-Qur’an , ingkang badhe ka’asto dening panjenenganipun............wekdal saha panggenan kaulo sumangga’aken,
    ( maturnuwun dumateng panjenenganipun, mugi-mugi waosan pustaka kitab suci Al-Qur’an kalawahu amberkahi dateng penjenenganipun ugi lumeber dateng kita sedaya... Amin )
  3. Wondene adicara saklajengipun non’injih Mukhafadoh Santri Madin Al-yasir, dusun Paingan Desa kupen, ingkang badhe dipun wakilaken deneng panjenenganipun..... wekdal saha panggenan kaulo sumangga’aken
    ( maturnuwun dumateng panjenenganipun.... )
  4. Acara saklajengipun nun’injih, sambutan atas nami panitia penyelenggara pengaosan akbar dalam rangka khaflatutasyakur lil’ihtitam Madin saha Tpq Al-yasir dusun Paingan Desa kupen, ingkang badhe dipun wakilaken deneng panjenenganipun............wekdal saha panggenan kaulo sumangga’aken (maturnuwun dumateng panjenenganipun....................),
  5. Wandene adicara saklajengipun inggih punika Atur penghargaan dumateng para santri teladan Madin Al-yasir ingkang bade kaaturaken dateng panjenengan Bp. K. Nurfatoni , Dumateng panjenenganipun Wekdal saha panggenan kaulo sumanggaaken
    ( maturnuwun dumateng Bp. K. Nurfatoni uga sedaya santri teladan, mugi penghargaan punika waget andadosaken tambahing semangat panjenengan sedaya uga waget dipun ginaaken kanti sak mestinipun )
  6. Acara sak lajengipun inggih punika pentas Rebana sangking Alumni Madin Al-yasir
     ( Maturnuwun dumateng grub rebana sangking Alumni ingkang sampun ngedalaken penampilan ingkang sanget menghibur dateng kita sedaya )
  7. Tumapak titilaksono ingkang terakhir inggih punika mawidhotul khasanah dalam rangka khaflatutasyakur lil’ihtitam Madrasah diniyah saha Tpq Al-yasir dusun Paingan Desa kupen, ingkang badhe kasuwun barokah sangking panjenenganipun Al- Mukarom Romo K.H ............................... ingkang sangking.............................saha do’aipun.
     

            Anamung sakderengipun mbok bilih anggenipun kaulo ndere’aken adicara pengaosan ing ndalu punika kirang Mranani lan kirang sopan santun, kaulo namung nyuwun agunging pangapunten.

Ihdinassiratal mustakim wassalamualaikum Wr. Wb

 

            Dumateng panjenenganipun Romo K.H ....Wekdal saha Panggenan kaulo sumanggaaken,..

 

Shollalloh’ala Muhammad sholalloh ‘aliwasalim sholalloh ‘alai Muhammad sholalloh ‘alaiwassalam

 

                                                                                                            By : Santri Gaul